GAMELAN JAWA

  GAMELAN JAWA
 
Assalamualaikum... ^^

Sugeng riyadi! pada kesempatan kali ini saya akan memposting informasi mengenai Gamelan Jawa. Ya tentunya pembaca sekalian sudah tidak asing lagi kan dengan istilah tersebut? Gamelan Jawa merupakan alat musik tradhisional Indonesia khususnya berasal dari daerah Jawa,Madura, dan Bali. Namun kali ini saya akan lebih menekankan pada gamelan daerah Jawa Tengah. Coba tengok sekarang ini, seberapa banyak orang yang paham akan gamelan, apalagi yang punya semangat untuk melestarikannya, mungkin hanya segolongan orang, itupun kebanyakan adalah orang tua. Maka dari itu tidak ada salahnya jika kita menambah wawasan kita mengenai salah satu kebudayaan kita ini. Di bawah ini saya posting info mengenai gamelan jawa dalam Bahasa Jawa. Tentunya informasi ini juga saya dapatkan dari beberapa sumber, dengan tujuan untuk berbagi ilmu. Monggo disimak...
GAMELAN JAWA
Gamelan Jawa menika sawijining utawa corak gamelan ingkang gesang ing tlatah Yogyakarta ugi Jawa Tengah lan sabageyan Jawa Wetan. Gamelan saged kagem ngiringi mawarni-warni Kesenian Tradisional kadosta kagem ngiringi Pagelaran Wayang, Kethoprak, Jathilan lan kesenian tradisional sanesipun.
            Musik gamelan  Jawa  limrahipun gadhah nada langkung alus, alus lan ngagem laya langkung alon, benten kaliyan musik Gamelan Bali ingkang layanipun langkung cepet, ugi musik gamelan sundha ingkang raos musikipun “nglaras” sanget (mendayu-dayu) lan dipun dominasi swanten suling.
Gamelan Jawa menika ngadhahni 2 laras inggih menika:
Laras Slendro ngadhahi urutan nada-nada 123567 (ji-ro-lu-ma-nem-pi)
Laras Pelog ngadhahni urutan nada-nada 1234567 (ji-ro-lu-pat-ma-nem-pi).
1.  GONG
Gamelan Jawa gadhah aturan-aturan ingkang sampun pakem, antaranipun katata saking pinten-pinten rambahan utawi puteran utawi pathet utawi  jero cethekipun swanten. Saben piranti ing Gamelan Jawa nduwe fungsi dhewe – dhewe, sing nuntun swara yaiku Rebab, sing nuntun sampak diarani Kendhang. Arane pemain sing nabuh gamelan yaiku niyaga, sing nembang arane sindhen, waranggana, wiraswara.
Gong iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh, digawé saka tosan lan nduwé ukuran sing gedhé dhéwé. Piranti iki biasané papané ing mburi dhéwé, digantung ing palang sing umum digawé saka kayu ukuran gedhé. Ana loro jinis gong yaiku: gong ageng lan gong suwuk.Wujudé bunder, permukaané rata ning ana tonjolan ing tengah-tengah.
Gong nduwé swara sing gedhé dhéwé lan nadhané paling asor tinimbang nadha piranti gamelan liyané.
Gong ditabuh kanggo awèh tekanan ing bagéyan tinentu (umumé akir) iringan musik gamelan, dadi arang banget ditabuh (ora terus-terusan) ning ditabuh ing selang wektu tinentu.
2. KENDHANG
Kendhang iku salahsijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh nganggo kombinasi antara tlapakan karo driji, dadi ora nganggo tabuh. Ing musik modhèrn, piranti iki digolongaké piranti perkusi. Kendhang disèlèhaké ing wadhah panyangga saka kayu sing wujudé mèmper huruf Y.
Wujudé mèh silindher, simetris, ing salah siji sisih rada gedhé tinimbang sisih lawané. Bagéyan sing luwih gedhé umumé disèlèhaké ing tengening panabuh.
Piranti gamelan iki fungsiné kanggo ngatur irama utamané yèn arep ngowahi irama uga kanggo ngatur tempo musik supaya ajeg. Kendhang uga sok kanggo tengeran babak-babak ing reroncèn musik gamelan lan ing pérangan akir/panutup swara suwukan.

3. SARON
Saron iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Saron iku diso'ake langsung ing wilah kayu ing loro sisi ngisore.
Ana 3 jinis saron yaiku:
 1. Saron panerus (ing laras slendro: Peking)
 2. Saron barung biasa disebut saron
 3. Saron demung biasa disebut demung
Wujud wilah saron iki meh padha karo wilah gambang, bedane nek wilah saron digawe saka logam (umume sing apik perunggu), nek wilah gambang digawe saka kayu. Tabuh saron digawe saka kayu sing rada empuk, wujude kaya palu. Wilah saron ana 7, masing-masing dawane sekitar 20 cm
4. BONANG
Bonang iku salah siji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bonang iku diso'ake langsung ing wilah kayu lan diayun ing loro sisi ngisore.
Ana 2 jinis bonang yaiku:
  a. Bonang barung
  b. Bonang panerus
        Wujud bonang iki meh padha kempyang ning tonjolan ing tengahe luwih dhuwur.

bonang
5. SULING
Suling iku salah siji piranti musik sing disebul. Fungsiné kanggo nambah swara-swara ing melodi. Ing musik gamelan Jawa, suling iku nduwé 2 laras yaiku:Slendro lan Pélog
Suling digawé saka pring, dawané kira-kira setengah meter.
Swara suling dikasilaké amarga rongga angin digeteraké liwat sebulan angin. Frekuénsi gelombangé gumantung karo ukuran dawa rongga angin sing digeteraké.
6. CELEMPUNG & SITER
Siter iku piranti gamelan sing dipetik kaya gitar. Cacah senare ana 11 pasang utawa kadang 12 pasang
Celempung iku piranti gamelan sing dipetik, cacah senare ana 11 lan 13 pasang. Piranti gamelan iki, bareng karo siter dadi piranti utama ing gamelan siteran.
Ing pagelaran gamelan, piranti iki termasuk kelompok panerusan lan nduwe tempo sing pada garo gambang yaiku tempo cepet.
Ukuran celempung dawane kira-kira 90 Cm, nduwe 4 penyangga. Dadi dibanding siter, celempung iku kira-kira ping telu luwih dawa.
Celempung disetel pasangan ing laras pelog lan slendro. Nada celempung iku seoktaf ing ngisore siter.

celempung
7. KENONG
Kenong iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo bonang, kempyang lan kethuk. Ing kelompok perangkat gamelan sing cara ngeso'akene diayun iki, kenong nduwe ukuran sing paling gedhe.
Ing kelompok perangkat gamelan tabuhan iki, swara kenong iku paling dhuwur lan luwih cilik dadi rada kewalik karo wujude sing gedhe. Swarane luwih ketara merga nduwe timbre sing rada unik.
8. SLENTHEM
Slenthem iku salah siji piranti gamelan Jawa sing ditabuh. Slenthem iku disokaké ing panggon sing fungsiné kaya ayunan lan ing ngisoré ana tabung utawa silinder kanggo ngetokaké gema swarané.
Miturut konstruksiné, slenthem iku kalebu kulawarga gendér; utawa dijenengi gendèr panembung. Nanging slenthem duwèni bilah padha karo bilah saron; Slenthem oktafé paling ngisor yèn ing klompok instrumèn saron. Kaya demung lan saron barung, slenthem mainaké lagu balungan karo wilah sing winates.
Wujud slenthem iki mèh padha karo gender.  Ananging wilahé luwih gedhé tinimbang gendèr. Arupa lèmpèngan kuningan utawa wesi kang nduwéni titilaras. Lémpéngan iki kabentuk kanthi resonansi pring kanggo mbanteraké swara. Nanging uga ana wujud slenthem liyané, yaiku kaya slenthem kang lumrah, mung waé ing tengahing wilahan nganggo pencon, déné tabuhé ora béda kaya tabuh bonang. Slenthem kang mengkono iku lumrahé kagawé saka wesi.
9. DEMUNG
Saron demung utawa asring disebut demung iku salah sawijining piranti gamelan Jawa sing ditabuh lan mlebu kelompok piranti saron
Iki jinis saron paling gedhé ukuranè, sing paling cilik peking sing tengah-tengah saron barung tembè demung. Ana 2 jinis saron demung yaiku pelog demung lan slendro demung. 2 jinis piranti panerus iki ndhuwe laras beda-beda
Wilah saron demung iki paling gedhè ing kelompok saron ukurane kira-kira 35,5 Cm dawa lan ambanè 9 Cm.
10. SLENTHEM
Slenthem iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Piranti gamelan iki meh padha karo saron. Laras slentho neng ngisore demung dadi yen dikelompo'ake ing kaluarga saron, slentho iki nduwe laras paling cendhek, kira-kira se oktaf ngisore saron demung.
Piranti iki saiki radha ora umum dienggo merga akeh fungsine wis ana ing piranti slenthem, sing esih nganggo piranti iki biasane corak-corak gamelan kuna kayatha gamelan sekaten.
Wujud slentho iki meh padha karo piranti saron umume, nduwe 7 wilah, disoa'ke ing grobogan, bedane karo saron mung ing tengah wilah ana tonjolan sing mirip bonang.
Nada swara slentho mirip karo slenthem mung luwih banter/seru lan luwih cetha
11. REBAB
Rebab iku piranti kang nyuwara saka ginèsèké senar lan senar. Rebab iku salah sawijine racikan gamelan kang cara nabuhe utawa ngunekake kanthi digesek. Rebab iku piranti musik saka Arab/Timur Tengah. Nanging saiki rebab wis ora asing ing tlatah Jawa. Saiki rebab wis asring digunakake kanggo ngiringi gendhing-gendhing Jawa, nalika pentas wayang kethoprak, lan ing langgam-langgam
12. KETHUK
Kethuk iku salahsiji perangkat gamelan Jawa sing ditabuh. Bedha karo gong sing digantung, kenong iku diso'ake ing enggon sing fungsine kaya ayunan, dadi cara ngeso'ake mirip karo kenong, bonang lan kempyang.
Kethuk iki wujude meh padha karo kempyang
13. GENDER
Gendèr iku salah siji piranti gamelan Jawa. Gendèr ing gamelan sléndro nduwèni 11-12 wilah sing tipis lan digawé saka logam, menawa ana ing gamelan pélog nduwèni 12-13 wilah, nanging ana uga gendèr sing mung nduwèni 7 wilah. Wilah-wilah iku ditata ana ing tali kang dipasang ing kayu kang ana ing kiwa tengené. Ana ing sangisoré wilah-wilah mau dipasang bumbung, kang gunané kanggo kothak swara. Bumbung-bumbung iku dikethok kanthi ukuran manéka rupa. Kanggo nadha sing paling ngisor, bumbungé utawa pringé dikethok sing paling ngisor rosé.Kanggo nadha sing luwih dhuwur dikethokaké pring utawa bumbung sing luwih dhuwur.
Piranti sing kanggo nabuh utawa tabuh gendèr biasané luwih cendhèk ketimbang gambang sing digawé saka kayu. Instrumèn gendèr ditabuh nganggo tabuh sing wujudé bundher (dilapisi nganggo kain) kanthi cekelan sing cendhak.
Carané nyekel gendèr yaiku antarané driji tuding karo driji tengah.Driji-driji saka tangan tengen utawa tangan kiwa dienggo mithet utawa ngemèk wilah kuwi, supaya swarané mandheg.
gamelan jawa
Ana ing pakeliran wayang, gendèr digunakaké kanggo ngiringi crita, dialog utawa gunem antarané tokoh utawa paraga wayang. Gendèr yaiku salah siji ricikan gamelan sing fungsiné kanggo instrumén mélodi. Anané gendèr ing péntas gamelan kalebu wigati. Ing pagelaran wayang kulit ricikan gamelan gendèr nduwèni fungsi kanggo nguripaké swasana, nuntun dhalang. Ing pagelaran wayang, panabuh gendèr nduwèni peran kang utama, kudu nabuh instrumèn sing ora tau mandheg sawengi muput.
Jenise gendèr kapérang dadi telu, yaiku:
  1. gendèr penembung
  2. gendèr barung
  3. gendèr penerus

Komentar

Postingan Populer